Asal muasal tembang sluku sluku batok - PN TANGERANG

PRODUK COSTUM SUKA-SUKA

Asal muasal tembang sluku sluku batok

Sebagai orang jawa tembang kenangan "sluku-sluku batok " karya dari para wali yang tenar pada masa kecil kita dulu , merupakan sekian dari syair-syair peninggalan yang memiliki arti dalam penggabaran kehidupan manusia dialam dunia. namin keberadaannya pun mulai punah tergeser oleh syair lagu-lagu moderd , sungguh ironi semua sejarah dan peninggalan kebudayaan asli nusantara kian hari kian menghilang . sungguh sangat disayangkan., padahal jika kita mau mengharigai keberadan sejarah dan nilai yang terkandung didalamnya insyallah kita akan menjadi bangsa yang hebat dan disegani.

Foto sluku batok
Inilah obrolan dari para wali saat merintis syair sluku-sluku batok.
  • Sunan kalijaga : wayangku iki wayang innalillahi wa inna ilaihi roji'un, nanging yen ngene iki wong jowo ora mudheng , sak lajengipun sunan kalijaga musyawarah kaliyan Sunan bonang dan Sunan drajad.
  • Sunan drajad ngendhikan : Nyuwun sewu dimas kalijaga, puniko wayang innalillahi wa inna ilaihi roji'un yen wong jowo ora mudheng ? Supayane wong jowo iso mudheng tak jenengi "ojo lali sangkan paraning dumadi”.
  • Lha ben uwong ki ora lali karo sangkan paraning dumadi, tak gaweke tembang (macapat).
  • Tembang macapat ki opo? ben uwong isa slamet kudu isa moco barang papat.
  • Barang papat kuwi apa? kancane nyawa sing medhun nang donyo, manggon ing rogo. Sing nang sisih tengen malaikat 2 jenenge Malaikat Khafadhoh, sing manggon nang sisih kiwo iblis 2 jenenge Jin Korin.  tembaang iki yen wong jjowo yo ra mudheng.
  • Pramila iki tak jenengi sedulur papat lima pancer. yen masalah pancer iki yen awake dewe ora ngerti iso dadi perkoro.  Amargo ing wayah pancer iki merlokake samubarang, nggunakake kekuwatan sing tengen iso nganggo kekuwatan sing kiwa uga iso.
  • Kayata, wong lanang kang nembe nandhang wuyung mring wong wadhon, arep nggunakake kekuwatan sing tengen iso, carane poso 3 dina sing diwaca Ya Rohman Ya Rohim. sesuk mesti wong wadhone ngomong “I love yau”. Nggunakake kekuwatan sing kiwa uga iso, carane puasa ngebleng 3 dina sing diwoco" sun amantek aji, ajiku si jaran goyang." Ya padha-padha isa. Dadi padha-padha kelakone
  • Dadi yen kyai sing tirakate kuwat ya padhang, dukun sing ora tau adus yen tirakate kuat ya padhang. Dadi padha-padha padhange, nggoleki pitik ilang takon kyai ya ketemu, takon dukun sing ra tau adus ya ketemu. Mung bedhane sing siji (tengen) kaya padhange lampu, sing sijine (kiwa) kaya padange omah kobong. Nggoleki pitik bengi-bengi nggawa lampu senter ya ketemu, nggawa blarak sing di gendel di obong ya ketemu.Lampune senter wutuh, blarake kobong entek.
  • Ya wis yen ngono Dimas Kalijaga, kanti kawitan iki tak gaweke meneh tembang (Maskumambang) medhune nyawa nang alam donya kanti di kapati,di pitoni di kanti waosan Qur'an lan solawat.
  • (MASKUMAMBANG) medhune nyawa nang alam donya kok mlebu nang ragane ibu dadi bayi, mengko yen lahir tak jenengi tembang (MIJIL)
  • (MIJIL): tegese bocah lahir rupa lanang rupa wedhok. yen lanang wedhus 2, yen wedok wedhus 1 di akeqohi di sahadahke ting Gusti ALLOH. Sakwuse (MIJIL) tembange (KINANTI)
  • (KINANTI): bocah cilik2 kuwi (Kinanti) kudu di kanti ahklaq di kanti agama. Mulakne kaya NU gawe TPA, TPQ, Roudhotu Atfal iku kanggo nrima kinanti2 iku. (Kinanti) cilik-cilik kok ora di ajar akhlak, ora dikanti agama mengko ndak mleset. Amarga menungsa arep mlebu tembang (SINOM)
  • (SINOM): bocah bakal dadi enom. Bocah yen enom ndablek, angel diwulang. Sakwuse kuwi tembange (ASMORODONO)
  • (ASMORODONO): bocah yen atine wis ke taman asmara, wis wiwit “jatuh cinta”, ora isa diajari. Wong tai kucing wae jarene rasa coklat. Bubar kuwi tembange (GAMBUH)
  • (GAMBUH): tempuk bocah lanang wadhon mbangun omah-omah. Diterusne tembange (DANDANG GULA)
  • (DANDANG GULA): dandang pahit, gua legi, yen entuk bojo pinter golek duwit, uripe rukun adem ayem kuwi entuk'e legi kaya gulo. Nanging yen entuk bojo kok gaweane ming tayuban, anane ming ngramal togel, bali2 nggablok, kuwi entuk'e pahit kaya dandang. Dadi wis bisa ngrasakne pahit legine urip. Diteruske tembang (DURMO)
  • (DURMO): wayahe darmakne raja brana, ilmu, khoirun nass anfa'uhum linnas. Banjur tembange (PANGKUR)
  • (PANGKUR): menungsa ngerti-ngerti mungkur seko donya. Paramila yen ndang mungkur golek dalan sing bener, mlebu masjid, nggolek ulama' sakdurunge kesusul tembang (MEGATRUH)
  • (MEGATRUH): copot raga sak sukmane. Paling keri tembange (PUCUNG)
  • (PUCUNG): menungsa ming di pocong sluku-sluku batok. Yen wis di pocong terus di lebokke nang lawang ciut.
  • Mula di jenengi BUYUT kuwi tegese siap2 mlebu lawang ciut. Yen wis mlebu lawang ciut ketemu karo Malaikat Munkar Nakir. Yen lali karo (SANGKAN PARANING DUMADI) nalika di takoni malaikat koko ra isa mangsuli, ya langsung di canggah karo malaikate. Dadi wareng wedi ndelok akherat, di udhek-udek nang neraka, di gantung kaya siwur, dithuthuki modal madil kaya tarangan bodol, ajur mumur kaya gedebhok bosok.
  • Dadi pangkate anak, bapak, simbah, buyut, canggah, wareng, udhek-udhek, gantung siwur, tarangan bodol, gedebok bosok. Iki lho piwulange para ulama mbiyen. Piwulang nganggo cara sing “luar biasa”. Dadi wong Jawa malah padha mudheng, padha guyup rukun, ora malah padha padu pinter-pinteran dalil lan hadist.

Load comments